Cari Blog Ini

Selasa, 02 April 2013

susunan pengurus takmir masjid


SUSUNAN PENGURUS
TAKMIR MASJID MIFTAHUL JANNAH
DESA BRINGKANG KECAMATAN MENGANTI KABUPATEN GRESIK
MASA BHAKTI 2013 – 2016



Pelindung        : Kepala Desa Bringkang

Penasehat       : 1. Ketua DMI Kec. Menganti
                          2. Suharun
                          3. H.M. Nadji

Ketua               : Drs. Khusnan Said
Wakil Ketua     : 1. Achmad Kamto
                          2. H. Nur Hidayat

Sekertaris        : 1. Santri Aji
                          2. Mahfudz Edy

Bendahara      : 1. H. Mustofa
                          2. Mardiono

Bagian-bagian :



1.      Penggalian Dana :
·         Ngatmuni
·         Pujiono
·         Said
·         Choirul Huda
·         Zaelani
·         Nur Salim
·         Suhadak

2.      Dakwah dan pendidikan
·         Kemo, S.Pd
·         H. Birul Wahidin
·         H. Warno
·         Siti Khomsiah

3.      Keamanan dan Ketertiban
·         Nur Hasan
·         Mohammad Nurwahid
·         Supi’i


4.      Sarana dan prasarana
·         Drs. Kasdi, MSi
·         Samian
·         Sakur
·         Sumaji
·         Sandi
·         Thohir
·         Sukari

5.      Humas, Kebersihan dan Keindahan
·         Suhari
·         Sulaiman
·         Nain

6.      Remaja Masjid
·         Septo Adi Prasetyo
·         Surya Mahardika
·         Fauzy
·         Fiki Nahdliyah
·         Ika

Selasa, 05 Maret 2013

USHUL MAKRIFAT


KITAB USHUL MA’RIFAT


Lan kitab iku den dadek’ake kanthi pirang-pirang bab utawa pirang-pirang fasal. Dene utawi bab kang sepisan iku nerangake sejatine lafadz bismillah. Tegese nerangake isine lafadz bismillah lan nerangake pangertiyane lafadz bismillah lan pangertiyane isine lafadz bismillah lan nerangake pangertiyan arane lafadz bismillah lan pangertinyan isine hurufe lafadz bismillah. Jalaran sak temene bismillah iku dadi kawitane sekabehane perkara. Lan dadi pungkasane sekabehane perkara. Lan uga dadi kawitane sekabehane kitab awit saking kitab Qur-an tumeka maring liya-liyane.Dadi yen sira arep mangerteni ing sejatine Allah iku kudu mangerteni ing isine lafadz bismillah. Yen sira arep mangerteni ing alam sak isine iku uga kudu mangerteni ing isine bismillah. Yen sira arep mangerteni ing kembange ilmu iku kudu mangerteni ing isine bismillah. Yen sira arep mangerteni ing wohe ilmu iku kudu mangerteni ing isine bismillah. Yen sira arep mangerteni ing pathok’ane ilmu iku uga kudu mangerteni ing isine bismillah. Yen sira arep mangerteni ing dadunge ilmu iku uga kudu mangerteni ing isine bismillah. Yen sira arep mangerteni ing akehe ilmu iku uga kudu mangerteni ing isine bismillah. Yen sira arep mangerteni ing sholat iku uga kudu mangerteni ing isine bismillah. Wes cekak’e arep mangerteni apa bae iku kudu mangerteni ing isine bismillah. Sampek-sampek masalah dhohir bathin, awal –akhir, iku kabeh kamot ing bismillah.Mula wong lanang lan wong wadon iku wajib mangerteni ing isine lafadz bismillah. Yen sira kasi ora ngerti lan ora weruh ing artine bismillah iku dadi kafir. Tegese mripate lan atine isih kaling-kalingan tegese wong iku durung bisa makrifat billah kang sampurna. Senajan wong iku mau wes sampurna utawa wus kuncara alime, olehe mondok wus sewu tahun, lang gurune wes sewu guru, lan kitabe wes sewu kitab, lan muride wes pirang-pirang tegese wes ewon-ewon, lan bisa melaku ana sak njerone bumi, lan bisa metu awing-awang tanpa tumpak’an. lan selurup ana ing geni tanpa kerasa panas, lan bisa ngilang, lan japa apa wae duwe, lan ibadahe luwih khusu’. Yen ndunga apa kang dituju teka. Tapi wong iku mau koq ora weruh lan ora ngerti ing artine lan isine lafadz bismillah lan isine hurufe lafadz bismillah, maka iya isih kafir indalloh.  Senajan wong iku turunan kyai, utawa turunan wali, utawa turunan wong Arab lan turunane Nabi  pisan iku mau yen ora ngerti ing isine bismillah uga isih kafir indalloh. Islame isih indan-naas.Dene yen wes ngerti lan bisa weruh ing artine bismillah lan isine hurufe lafadz bismillah, senajan wong mau turun Jawa, utawa turun Cina utawa turun Butho, lan senajan wujud Jawa utawa wujud Walondo utawa wujud Cina utawa wujud Butho utawa wujud Ndayak lan sak piturute iku wes Islam indalloh. Mula yen sira kepingin dadi wong islam indalloh mbuh wong lanang mbuh wong wadon mbuh tuwa mbuh anom pada estokna temen temena nggolek pangertiyan–pangertiyane lan isine huruf bismillah. Poma-poma aja sembrana lan aja kasi ora ngerti ing isine bismillah. Yen ora ngerti, maka ora afsah kabeh amale ora den terima dening Allah. Mungguh ibadah ora afsah. mungguh taubat ora den terima. 

1.     ALIFE BISMILLAH
 Banjur ngancik fashal nerangake alife bismillah.Dene alife lafadz bismillah  iku sak temene alif ahadiyah. Lan den arani alif dzat wahid. Tegese alif yaiku tanda anane ahadiyah. Tegese tanda anane dzat sejati. Lan nyatane anane Pengeran yaiku nyatane anane Allah belaka. Yaiku kang anduweni cahya urip. Urip tunggal kang nguripi iyaiku kang den arani banyu nur alif. Lan den arani banyu suci sejati. Lan den arani ratuning banyu. Lan den arani uripe Alalh, lan den arani urip tunggal karo pati. Lan tunggal karo urip. lan den arani urip tunggal karo pati. pati tunggal karo urip. Nalika semono iku Allah durung brahi  wujude isih wujud mahdli tegese wujud sak weca. Tegese isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal ora ana liya-liya kajaba Allah kang nyata.Iya mangkono iku dzat arane Laata’yun, tegese durung ana kang ngerteni wujude Allah babar pisan. Tegese isih wujud dhewe tanpa ana kang mujudake, urip dhewe tanpa ana kang nguripake, jumeneng dhewe tanpa ana kang njumenengake. Mua den arani wujud mahdli lan wujud dzat sejati. Dalile ana kitab suci Al-qur’anul Karim mangkene :
ö@è% uqèd ª!$# îymr&
Artine mangkene : Dhawuha Muhammad marang umat kabeh yen saktemene Allah iku nalika durung brahi tegese nalika durung kersa andhadekake kabeh alam isih wujud tunggal urip tunggal rasa tunggal.Iya iku katerangan isine alife lafad bismillah. Wallahu a’lam 

Jumat, 25 Januari 2013

HAUL MBAH SANUSI DALAM BIDIKAN KAMERA

kedaraan yang membawa P. Yai memasuki halaman Musholla Qoddamul Ulum
100 anak yatim dan kaum dhuafa yang berhak mendapat santunan juga hadir
berbincang santai bersama sekjen YPS Pusat Bpk A. Rofi'i
warga Gresik mengamati prasasti peresmian gubugnya
kedaraan tamu-tamu undangan mulai berdatangan
Kantor Kenongo Manunggal Jati tempat sekertariat panitia
gubug salatiga bukan sala empat hehehe
gubug Daerah Istimewa Jogjakarta
ayo maaa......... mendekat ke sana, rengek si kecil pada ibunya
pepohonan rindang menghijau menambah kesejukan suasana
stand-stand warung kopi bermunculan
beli karpet plastik buat alas tempat duduk
besar kecil tua muda hadir pada acara tersebut
gapuro menuju komplek maqam
walau gerimis menghiasi tidak menyurutkan antusias warga untuk   menghadiri pengajian
kesejukan pagi hari disertai titik-titik hujan barokah
area persawahan menuju komplek maqam mbah sanusi


  ATAS BERKAT RAHMAT ALLAH YANG MAHA KUASA   DOA BERSAMA LINTAS AGAMA   JILID I PERSAUDARAAN CINTA TANAH AIR INDONESIA YANG DIJIWAI MANU...